Sabtu, 29 September 2012

Wrekudoro


Satriyo Panenggak  Pandhawa kang aran Wrekudoro

       Raden Brataseno putra panenggak Prabu Pandhu Dewanata raja ing Ngastina. Raden Brataseno utawa Raden Wrekudoro utawo raden Bimoseno utawa Raden Bimasekti utowo Raden Bayusuta uga panenggak saka Pandhawa Lima duwe sadulur papat : kang mbarep Raden Yudhistira, kang tengah Raden Harjuna lan kang sumende Raden Nakulo kang waruju Raden sadewo.

Raden Brataseno kang nduweni pawakan gedhe duwur koyo rasekso duwe gaman Kuku Pancanaka uga gaman Gadha Rujakpolo.

Raden Brataseno duweni watak wantu  sing akeh ,yaiku: kendel, lugu, teges, ngrungkepi marang bebener, tanggung jawab marang Negarane, sedulur -sedulure dhalah ibune Dewi Kunthi,
Jujur,lan uga duweni watak kasar namung nyenengake. Ugo duweni watak yaiku anganggep kabeh manungso duweni drajad kang podho.
              
Ing Lakon Bimo Suci : Raden Brataseno dijlomprongake/ diapusi karo gurune dewe sing jenenge Pandhita Durna supaya njegur segara kanggo nggoleki banyu suci kang aran Tirta Perwita Sari. Saking jujure, bektine,lan lugune marang gurune, mulane Raden Brataseno ora duweni rasa Jubria karo gurune yen diarahpatine. Nanging Raden Brataseno ora seda, wusana babad alas wisomarto kanggo ngadekake Kraton kang jenenge Jodhipati, lan jejuluk Raden Wrekudoro.

      Raden Wrekudoro duwe garwa telu , Garwa Dewi Arimbi duwe putro Raden Gathutkoco satriyo ing Pringgodani, garwa Dewi Nagagini duwe putro Raden Ontorejo, lan garwa Dewi Urangayu duwe putro Raden Ontoseno. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar